Majalah Panyebar Semangat





TRESNA KANG KAGILES

Ringkesan : 

       Seminggu sawise melu grup Alumni SMP 84 kuwi jebul ana pesen pribadi sing melbu. Surasane nakokake aku isih iling karo dheweke apa ora. Ora wurung pesen singkat iku nuwuhake rasa penasaran sakjerone atiku. Daktliti sing ngirim jenenge NICH ngunu wae. Dak eling - eling ora ana kanca SMP sing jenenge NICH. Masak ana bocah taun 80 an nganggo jeneng NICH? Kui rak jenenge bocah Jawa jaman saiki. Aku takon sapa sing ngirim pesen singkat kui mau. Wahh! Dheweke iku Nurul. 

   Ngulandara mencaki taun 1984. Nalika iku aku lan Nich ana kelas 3E SMP ing Sukoharjo. Ya ing kelas iki kanggo sing sepisanan aku ngerti jenenge Kenya kuwi. Bocahe imut, lan penampilane unik. Kulite ireng manis, pawakan ceking, dedeg ora pati dhuwur, rambute kriting dawa. 

        Ing sawijining dina, aku arep niat ora melbu sekolah amarga aku ora nggarap tugas PPK saking bu Endang, ora amarga aku males, nanging amarga aku ora duwe dhuwit kanggo tuku bahane. Nanging aku ora oleh mbolos kaliyan Nurul, Nurul sing wong sugih iku gelem nyediane bahan agawe aku nggarap tugas PPK mau. Jalaran wis disedhiyani kabeh bahan praktek PPK dening Nurul, aku bisa njahit klambi nadyan asline ora sempurna. Ya wiwit kelakon kuwi aku dadi cedhak karo Nurul. Banjur tuwuh rasaku kepenginan tansah nggatekake lan digatekake dening Nurul. Nanging rasa sengsem iku mung daksimpen ana telenging ati. 

       Sawise lulus SMP aku karo Nurul mencaki dalan sing beda. Dheweke nerusake sekolah kenyang SMA, aku diiguhake ibu supaya mbacutake kenyang SPG. Sajrone nempuh dalan kang beda iki, satemene aku isih tetep ngangen - angen Nurul. Kepengin banget aku ketemu dheweke. Sawijining dina tekadku gilig bakal mara menyang omahe Nurul. Durung nganti rancangan kuwi kelakon, tekadku suwe - suwe kendho. Pungkasane, aku lulus SPG rasa sengsemku marang Nurul daklunturake, amarga wis ora ana harapan kanggo ketemu karo dheweke maneh. 

Pepeling :

       Sing jenenge jodoh, iku gusti Allah sing ngatur, kita sedaya isok usaha wae. Yen kita kesengsem karo sapa wae, kita kudu duweni tekad kanggo ngungkapke tresna kuwi, sedurunge kita nyesel amarga dheweke wis duweni wong liya. Yen kita wis duwe tekad sing gedhe, langsung wae kita lakoni, aja ngenteni tekad kuwi pelan - pelan ngilang amarga "numbuhna tekad ora segampang numbuhna godhong gedang". Yen wis ngunu, kita serahna wae kabeh marang gusti Allah SWT. amarga Allah berfirman :

( قُلْ إِنَّ هُدَى اللَّهِ هُوَ الْهُدَى وَلَئِنِ اتَّبَعْتَ أَهْوَاءَهُمْ بَعْدَ الَّذِي جَاءَكَ مِنَ الْعِلْمِ مَا لَكَ مِنَ اللَّهِ مِنْ وَلِيٍّ وَلَا نَصِيرٍ )البقرة/ 120.
“Katakanlah: "Sesungguhnya petunjuk Allah itulah petunjuk (yang benar)". Dan sesungguhnya jika kamu mengikuti kemauan mereka setelah pengetahuan datang kepadamu, maka Allah tidak lagi menjadi pelindung dan penolong bagimu”. (QS. Al Baqarah: 120)

Nama     :  Balqisway Alima
Kelas      :  VIII - D
No. Abs  :  06 

SMP NEGERI 26 SURABAYA 
TAHUN AJARAN 2017-2018

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Novel Bahasa Jawa 1

Quotes Bahasa Jawa 1

Novel Bahasa Jawa 2