Novel Bahasa Jawa 1
GARUDA PUTIH
Pangripta : Suparto Brata
Pencetake : Narasi
Taun terbit : 2009
Panggon terbit : Yogyakarta
Ringkesan :
Emi, wong wadon bayaran nalika tangi turu dheweke kaget, amarga Abisuna, wong kang nggawa dheweke ing sawijining hotel Argadalu wis ora ana ning njero hotel. Esuk - esuk nalika wong loro nom - noman lanang wadon yaiku Manik lan Wicaksana lagi mlaku - mlaku ana ning taman, dheweke namokake mayit. Mayit mau digantung ing sak nduwure jurang. Mayit mau ora salah, ya Abisuna.
Manik lan Wicaksana banjur enggal - enggal lapur karo manager hotel, yaiku Suhud. Banjur kasus mau ditangani dening polisi sing njanjane lagi ngurus kasus durjana Garuda Putih. Kasus diperjayane Abisuna uga ditangani dening detektip kondhang, yaiku Handoko, sing uga wis suwengi ana ning hotel Argadalu. Polisi nemokake kertas serbet Argadalu ing njero kaose Abisuna, kertas mau ana tulisane "ukumane wong selingkuh". Kertas mau padha persis karo kertas sing ditinggale nalika ana maling Rajabrana ing daleme Suryapriyangga ing Surabaya seminggu kepungkur. Ing kertas sing ditinggal ing laci omahe Bapak Supriyangga ana tulisane "sing njupuk aku, garuda putih".
Kabeh wong kang ana ing hotel diperiksa dening polisi. Awale Bagus Pramutih dadi sasaran, nanging wis mesthi duduk, amarga dheweke teka ing hotel dikongkon dening Nyonya Abisuna kanggo nyekseni Abisuna pancen ora ana ing Malang, nanging lagi selingkuh. Nyonya Abisuna pikantuk info saka surat budhek sing ditulis ing kertas serbet sing dikirim dening Garuda Putih. Garuda putih arep ngukum Abisuna amarga kelakuane.
Pepeling :
Mbelani kebeneran kui pancen bener, nanging aja nganti mbelani kebeneran lan mbantu wong susah dadi alesan kanggo ngrugikake wong liya. Nggawe fitnah kanggo wong liya iku tumindhak kang ala, apa maneh yen nganti merjaya wong liya. Allah SWT. berfirman :
Al-Anfal (8) : 39
وَقَاتِلُوهُمْ حَتَّى لاَ تَكُونَ فِتْنَةٌ وَيَكُونَ الدِّينُ كُلُّهُ لِلّه فَإِنِ انتَهَوْاْ فَإِنَّ اللّهَ بِمَا يَعْمَلُونَ بَصِيرٌ
8.39. Dan perangilah mereka, supaya jangan ada fitnah dan supaya agama itu semata-mata untuk Allah . Jika mereka berhenti (dari kekafiran), maka sesungguhnya Allah Maha Melihat apa yang mereka kerjakan.
Nama : Balqisway Alima
Kelas : VIII - D
No. Abs : 06
SMP NEGERI 26 SURABAYA
TAHUN AJARAN 2017-2018

Komentar
Posting Komentar